Jumat, 14 Desember 2012

Pidato Pengetan Dinten Pendidikan Nasional

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

para rawuh ingkang kinurmatan 
ugi kanca-kanca kader tunas bangsa ingkang katresna

sumangga sami rumiyin kita ngaturaken syukur dhumateng Gusti ingkang Mahakuasa, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, kita sadaya saget kempal manunggal kanthi tentrem, bagas saha waras ing kabagyan salebetipun  pahargyan pangetan dinten pendidikan nasional tabuh 2 mei samenika.

Tokoh ingkang tansah anggambar masalah pendidikan bangsa Indonesia inggih punika Bapak Ki Hajar Dewantara. Panjeneganipun pangarsa pendidikan ingkang sampun paring suri tauladan kagem bangsa Indonesia menawi kasebut tiga asas pendidikan, inggih menika :
1. Ing Ngarsa Sung Tuladha
    wonten pangajeng saget maringgi tauladan ingkang sahe.
2. Ing Madya Mangun Karsa
    wonten tengah saget maringi motivasi.
3. Tut Wuri Handayani
    wonten wingking saget maringi dorongan panyemangat. 

 Kagem pedoman samenika dipun gayuhaken guru saget maringi tauladan kaliyan motivasi kagem pangamatan prilakunipun para siswa, salajengipun siswa dipun kengken supados sregep sinau kagem nambah ilmu pengetahuan kaliyan keterampilan, minggunakaken wekdal  kang becik supados masa ngajeng wantun tampil kaliyan saget ngemban tugas negara ingkang migunakaken pedoman Pancasila, sanggup ngajunjung tinggi martabat bangsa Indonesia.

Kanthi mekaten, punika dipun sumanggakaken kagem kadang-kadang sedanten supados sami saget nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun bapak Pendidikan ingkang luhur punika Ki Hajar Dewantara, kagem ngawujudaken peduma ingkang berkarakter, berintellegent kang sahe supados punapa ingkang dipun gegayuhaken negara Indonesia saget kawujud.

Samenten ugi atur kula, mugi ndadosaken motivasi kagem kita, menawei wonten kalepatan nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.