Sabtu, 24 September 2011

Teks sambutan pasrah manten



Pasrah penganten kakung

Nuwun,
Kasugengan saha sih nungrahing Gusti ingkang Mahaasih mugi kajiwa kasarira wonten ing Panjenengan sadaya.

Kairing sagunging pakurmatan,
Ibu saha Bapak Agus Sucipto, tuwin Para putra putri, dalasan Sagung kulawarga, miwah Para rawuh.

Nuwun, kaparenga matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak Sugeng Subroto, sakulawarga, kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung, Nanang Subroto katur Ibu saha Bapak Agus Sucipto.

Wondene kalampahanipun makaten :
kala wau manci tabuh 09.00, panganten kakung kula pendhet saking dalem Jl. Hasanuddin angka 3, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, mitra pitepangan, sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem Jl.Imam bonjol angka 4 ngriki, kalayan gangsar saha gancar.

Pramila, ngembun saha ngemban dhawuh wigatosing sedya, kaparenga ing semangke penganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken katur Bapak Abdul gofur, ingkang anyulihi Ibu dalah Bapak Agus Sucipto, cundhuk kaliyan lampahing upacara.

Wasana kula nyuwun pangaksami bok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning penggalih.

Nuwun.